Contoh Kata Pengantar Bahasa Jawa

Muji syukur Alhamdulillah.
Datenga Dzat ingkang Moho Murah
Ingkang paring taufiq lan hidayah
Sahingga kanthi semangat lan bergairah
Kawulo saget ngrampungaken buku….

Menawi susunan puniko salah
Kulo nyuwun kanthi ridhoning manah
Dipun leresaken supados genah

Lan mugiyo buku puniko saget manfaat lan mashlahah
ugi saget barokah
Tumrap poro ummah
Fiddunya wal Akhiroh.
Amiin.

Parikan di Akhir Pidato

Bapak lan Ibu, monggo kito ndongo nenuwun dateng Alloh SWT mugo-mugo kito tansah pinaringan taufik lan hidayah dening Alloh SWT sahinggo saget nglampahi perkawis ingkang dipun perintah dening Alloh SWT kanti sak sae-sae nipun, lan saget nebihi larangan-laranganipun Alloh SWT.

Sahinggo kito saget wilujeng ing ndonyo lan akhiraot.
Amiin…Yaa Robbal ‘Alamiin..

Ingkang Terakhir,

Eglek-eglek suarane cikar.
Impying-impying suarane dokar.
Elek-elek pidato gak gentar.
Eling-eling pancene sek belajar.

Teko krian nyang bungurasih.
Cukup sekian Terima Kasih.

Wabillahi taufiq wal hidayah
Wassalamu’alikum Warohmatullohi Wabarokaatuh.

Contoh Pidato Pembuka Boso Jowo

Iki contone ucapan pidoto awal, salah sijine yoiku ing ngisor iki.

Hadhrotal kuroma’, wal fudhola’
Poro alim wal ulama.
Poro umaro wazzu’ama,
Poro ibu lan poro bapak.
Adik-adik lan anak-anak.

Sedoyo tamu undangan ingkang sampun nglempak.
Ingkang tebih lan ingkang celak.
Sedoyo poro rawuh ingkang sampun pinarak.
Kanthi mapak, nepak, jenak lan kepenak,
ingkang kulo hormati.